21 Mei 2013

Pasien vs Dukun (Repostdemipamor#1)

Nanggone sawijining dukun berobat alternatif, ono pengumuman nang ngarep kamar prakteke : “Sopo wae sing berobat neng kene nek ora waras-waras, duwite bakal dibaleke sampek 5X lipat.”

Dadine saben dina omahe dukun kuwi rame terus, gara-gara promone sing gawe cingake wong akeh. Nanging yo ngono, opo dukune kuwi pancen hebat lan mandi opo kebetulan, yo nganti saiki ndilalah ora ono pasiene sing komplen ora mari-mari penyakite. Kabeh pasien mesti warase. Hebat yo?

Sawijining dino, ono wong jenenge Paijo iseng-iseng pengin ngetes mBah Dukun. Niyate arep “ngadalin” mBah Dukun, piye carane ben “penyakite” ora biso dadi mari-mari. Pengerape supoyo duwite biso mbalik 5X lipat. Deweke terus ngarang kiro-kiro penyakit opo yo sing ketoke aneh-aneh lan susah disembuhkan, sing wong durung tau kedadeyan.

Paijo, “mBah, kulo niki gadah penyakit aneh” sambate nang mBah Dukun.
“Sing dirasakke opo Pak?” mbah Dukun takon.
Paijo, “Niki loh mBah, saben kulo mangan kok mboten kraos nopo-nopo nggih? mBoten kraos pedes, asin, legi, pahit babar blas.”
mBah Dukun, “Owalaaah Pak, nek mung ngono wae penyakit sampeyan kuwi gampang diobati.” Terus mBah Dukun printah nang pembantune, “Srintil, tulung jupukno obat no. 7 yo!”

mBah Dukun, “Iki pak, obate. Sampeyan ngunjuk saiki. Entenono sedelok ben obate berfungsi.”

Let sakuntoro, mBah Dukun takon, “Wis ngroso ono perubahan durung?”
(Asyyiik....aku etok-etoke ora kroso opo-opo ah, ben duwite iso mbalik 5X), batine Paijo.

Barang Paijo ngombe obate…e e e eeeeh... opo sing diombe Paijo dumadakan disemprotke metu meneh. Cangkeme gibas..gibas karo muni, “ASEEEEEM kecut tenan....niki senes obat mBah, pasti niki telek lencung!!!!”
mBah Dukun, “Naaah tenan to, wis mari tenan sampeyan Pak, nyatane wis iso ngrasake telek lencung barang!!!”

Akhire Paijo mulih karo muring muring ora bar-bar sakdowone dalan....

Paijo getem-getem. Isih pengin arep mbales mBah Dukun. Minggu ngarepe, Paijo rono maneh, pengin ngapusi meneh mBah Dukun. “ Mugo-mugo wae yo, saiki aku ora apes,” Paijo mbatin.

Paijo, “mBah, kulo gadah penyakit aneh malih.”
mBah Dukun, “Penyakit opo kuwi Pak?”
Paijo, “Ngeten mBah. Kulo kok akhir-akhir niki gampang lalian nggih. Saweg sekedap 5 menit omong-omongan, kok empun lali nopo sing diomongke wau.”
mBah Dukun “Lha nek penyakit ngone wae yo gampang obate. Pasti ndang waras.” “(Waduuuuh, kok ngomong gampang maneh?)”, batine Paijo sing wis merinding ra karuwan.
“Srintilll, tulung jupukno obat no. 7”, mBah Dukun mbengok nang pembantune..
Paijo, “Waaaaah....emooooooooh mBah nek obat no. 7”
mBah Dukun, “Looooh, kenopo to Pak?”
Paijo, “Kuwi dudu obat, ning telek lencung!!!!.”
mBah Dukun, “Laaaaaah kuwi sampeyan ijik eling. Berarti penyakite sampeyan wis mari.”

Paijo, “Empun mBah, kulo kapok boten pengin berobat malih. Saben kulo ngriki mung disuguhi telek lencung. Dasar apes temen awakku yo. Paijo tetep mbayar larang, "Ning nggih paringi diskon nggih, mBah?”

Hmmm rasakno..kapokmu kapan... hehehe

"diambil dari Grup Keluarga Alumni Teladan Yogyakarta di facebook"

1 komentar:

  1. boleh juga nih, copas dari grup KATY terus di post di blog
    Bisa tak conto nanti, hehehe

    BalasHapus